-->

CONTOH SOAL BAHASA JAWA KELAS VI (ENAM)



Berikut kami berikan contoh soal Bahasa Jawa buat anak didik anda untuk pengayaan dan wawasan pembelajaran,

I. Pilihwangsulankangbenerkanthinyilang ( x ) huruf a, b utawa c

RAMAYANA
Prabu Ramawijaya lan garwane, yaiku Dewi Sinta nilar praja dedunung ana ing alas. Nalika Prabu Ramawijaya kepeksa nilarake garwane amarga mburu kidang kencana, Dewi Sinta dikancani Raden Laksamana, rayine Prabu Rama, Dewi Sinta ndhawuhi raden Laksamana supaya nyusul Prabu Rama, amarga Dewi Sinta kaya krungu pisambate Prabu Rama. Dewi Sinta kari ijen.

Prabu Rahwana, ratu buta ing Alengka, dhusta Dewi Sinta arep didadeake garwane. Senajan tindake Prabu Rahwana kang ala iku wis diilengake dening sedulur – sedulure, nanging Prabu Rahwana nekad. Dewi Sinta tetep setya marang Prabu Rama, ora gelem digarwadening Prabu Rahwana.

Prabu Ramawijaya kabiyantui dening bala kethek nggoleki Dewi Sinta. Perang gedhe antarane Prabu Rama kang dibantu dening wadya bala wanara tandhing lawan bala buta. Wadya bala Alengka saratune tumpes kabeh. Dewi Sinta ketemu Prabu Ramawijaya

Wacan ing dhuwur kanggo soal no 1 - 6

1. Apa irahi rahane wacaning dhuwur?

a. Ramayana
b. Ramawijaya
c. Rahwana

2. Sapa garwane Prabu Ramawijaya ?

a. Dewi Sri
b. Dewi Sinta
c. Dewi Anjani.

3. Kewan apa kang diburu dening Prabu Ramawijaya ?

a. Gajah Kencana
b. Kidang Kencana
c. Garuda Kencana

4. Dewi Sinta dikancani Raden Laksamana, Rayine Prabu Rama. Tembung Rayine duweni teges podo karo .....

a. Ramane
b. Kangmase
c. Adhine

5. Sapa jenenge ratu buta ing negara Alengka?.

a. Prabu Rama
b. Raden Laksamana
c. Rahwana

6. Prabu Rama dibantu dening wadya bala wanara. TembungWanaraduweni teges podo karo ....

a. gajah
b. kethek
c. macan

7. Dadi bocah kuwi kudu nduweni ... ungguh marang wong tuwa. Tembung Sarojo kang cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg mau yaiku ....

a. ungguh
b. unggah
c. inggih

8. Sing ndheleng balbalan jejel ... nganti ora bisa dipiyak. Tembung Sarojo kang cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg mau yaiku ....

a. riyel
b. jejel
c. jejer
9. Solah bawane gandhes ... merak ati. Tembung Sarojo kang cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg mau yaiku ....

a. gandhos
b. luwes
c. gandhes

10. Tembung loro utawa luwih kang dijejerake sing mung nduweni teges siji, sinebut tembung ...

a. Tembung camboran
b. tembung lingga
c. tembung sarojo

11. Dadi bocah ojo seneng colong .... Tembung camboran kang cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg mau yaiku ....

a. teka
b. kawit
c. jupuk

12. ibuku gawe jajan panganan kang arane... mendem Tembung camboran kang cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg mau yaiku ....

a. bayem
b. semar
c. samar

13. Tamune pada lunga .... Tembung camboran kang cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg mau yaiku ....

a. teka
b. kawit
c. jupuk

14. Tembung camboran “Bangjo” saka tembung …

a. abang bojo
b. abang ijo
c. gedang ijo

15. Tembung camboran “lunglit” saka tembung …

a. kalung emas
b. balung kulit
c. jagung kulit

II. Essay
Wacanen kanthi setiti banjur wangsulan apitakon piakoning ngisore kanti wangsulan kang bener

BANJIR

Ing mangsa rendheng saben tahun, surat – surat kabar, radio lan televise mesthi padhang giyarake pawarta bab banjir. Semono ugo kala warti basa jawa babaran Surabaya, Panyebar Semangat lan Jaya baya.

Punjering pawarta yaiku banjir sing kedadean ing kutha – kutha gedhe lan dhaerah- dhaerah sauruting kali kali gedhe. Umpamane ing Jawa Timur, dhaerah dhaerah sing dadi langganane banjir, yaiku daerah Bojonegoro, Tuban, Lamongan lan liya-liyane. Dhaerah dhaerah iki tahun kepungkur uga katrajang banjir bandhang.Pancen dhaerah mau diliwati Bengawan Sala, sawijining kali sing gedhe lan dawa dewe setanah Jawa.

Anane banjir mau antara liya jalaran akeh gunung, pegunungan, tlatah tlatah sing gundhul, tetuwuhan padha ditegori wong. Yen ora ana tetuwuhan tibane banyu udan ing panggonan mau ora ono sing namen gilan nyedhet. Mula banyu udan mau banjur mili mangisor kanthi santer.Sabanjure mbludhag lan nrajang ngelebi panggonan-panggonan sing sebenere dudu dalan banyu.

Anane banjir ing kutha –kutha ,kajaba saka derese udan uga akeh kali-kali sing mambeg, urung – urung mampet kasumpetan uwuh lan larahan. Kanggo warga kutha, pamarentah dhawuh aja mbuang uwuh lan larahan saenggon enggon. Supaya padha gelem njaga lan marsudi amrih lestarine alam lan papan panguripan. Kabeh setiyar lan pangreka daya mau bakal awoh becik Manawa kita kabeh padha mangerteni lan nyengkuyung.

1. Apairah-irahan wacan ing dhuwur?
2. Kedadeyan banjir iku lumrahe ing mangsa apa?
3. Sebutna telu kutha ing Jawa Wetan sing kerep katerjang banjir?
4. Apa sejatine sing marakakebanjir iku?
5. Apa dhawuhe pamerintah kanggo wargo kutha supaya ora kena banjir ?

semoga bermanfaat

klik untuk komentar